Wejangan shufi

Salam Silaturahmi al Alamah al arifbillah Hadrotussyekh KH. Nafi’ Abdullah Salam Kajen.

  1. “Nek donyo ora usah luru kemulyaan, sebab kemulyaan ora   kanggo nek dunyo nanging Allah SWT maringi kemulyaan nek akhirat iku sing hakikat. kapan sopo wonge entuk kemulyaan nek donyo ora bakal nek akhirat entuk kemulyaan.” wallahu’alam.
  2. “Nek dunyo akeh fitnah, sopo wae sing seneng dunyo mesti akeh fitnahe.” wallahu’alam.
  3. “rizki ora usah diluru, nek luru rizki mesti ibadahem walkeduwal.”wallahu’alam.
  4. Ngendikane Mbah Dullah marang aku (Mbah Nafi) wayah tahlil kapundute Mbah Muzayyin, aku diweling Mbah Dullah “Besok nek aku mati ojo diumumno yo, cepet-cepet dimakamno, nek apik ben dang ngerti panggone, nek elek ben dang reti panggone. ora usah diwarak-warakno.” wallahu’alam.
  5. “Wong sholat iku kudu sabar. wayah moco fatihah yo sabar. wayah ruku’ yo sabar. wayah opo wae nek njerone sholat kudu sabar lan tuma’ninah.” wallahu’alam.
  6. “Sepodo-podo iku kudu welas asih. sebab wong iku ora ngerti pastine. sing perso pastine wong namung Allah SWT.”wallahu’alam.
  7. “Nek Njerone ati iku ojo sampek sepi sangking dzikir, kapan sepi songko dzikir mesti setan gampang mlebu.” wallahu’alam.
  8. “Medit-medite wong kapan ono asmane kanjeng Nabi Muhammad Saw disebut ora gelem jawab besok nek akhirat bakal dadi wong sing bangkrut.”wallahu’alam.
  9. “Ketoke wong akeh podo ngaji mrene (masjid Kajen), tapi kadang niate bedo-bedo.” wallahu’alam.
  10. “Akeh wong sing kepingin ben diarani apik, iku malah iso dadikno rusake amal.” wallahu’alam.
  11. “Sak durunge mlebu toriqoh kudu syariate kuat ndisik, sebab opo, pondasi/dasare ibadah iku nek syariat. syariat iku sing gawe kanjeng Nabi Muhammad Saw. kapan ora manut syariate Kanjeng Nabi Muhammad Saw berarti ora umate Kanjeng Nabi Muhammad Saw.” wallahu’alam.
  12. “Aku ngaji ngeniki, durung tentu aku luweh pinter karo sampeyan. aku mek tukang moco tok, nek ono makno sing suloyo, durung iso ngelakoni opo sing tak woco, aku yo ojo ditukari, yo ojo dicegat nek ratan. mulane aku tau ditawari gelar doktor tapi kon bayar 10 juta tapi aku moh. duwe gelar doktor nek ditakoki ora bejos jawab dak malah piye. wong basa arab wae isih ngene kok. tapi mbeke profesor lah durung karuan iso moco kitab salaf.”wallahu’alam.
  13. “Kabeh kedadian nek dunyo Allah sing Ngudaneni, makhluk ojo melu ngatur kehendak Allah Swt.” wallahu’alam.
  14. “Istighfarmu kudu di istighfari meneh, sebab lakonmu istighfar durung murni kerono Allah Swt. tapi nek lambe-lambe tok” wallahu’alam.
  15. “Akeh-akehno moco salawat Nabi Muhammad Saw.” wallahu’alam.
  16. “Kuwe nek bar shalat fardlu kirimo fatihah tujokno Mbah Mutamakin, insya Allah ono labet apek.” wallahu’alam.
  17. “Bapak/Mbah Dullah, ndisik nek minterno anak-anake dikon sinau terus kapan ora iso moco kitab dianggep ora anake, sakliane sinau setiap sedekah Mbah Dullah, diniati nyedekahi anak ben dadi wong kabeh.” wallahu’alam.
  18. “Wayah wong sakratul maut, sing manjeng nek pinggirem antara setan karo malaikat, mongko wong sing ape mati iku kudu dituntun karo syahadat lan tahlil.”wallahu’alam.
  19. “Aku moh dadi kiai, sebab abot dadi kiai, tanggungjawabe nek akhirat tambah abot kerono durung iso ngelakoni, aku ngaji iki yo ngji karo mushonef/pengarang kitab. ngaji nek kene (Masjid Kajen), aku mek macakno tok keranten diutus Bapak/Mbah Dullah. La aku nek gak anut ora dianggep anak dak payah dewe aku.” wallahu’alam.

sampun rien njeh, asline taseh katah, ananging niki kangge kulo sinau / pelajaran teladan lan ikhlas.
Dawuhe Mbah Nafi, “Nek iku pelajaran  yo tular-tularno nek konco-koncomu, meski akeh rahasia-rahasia, tapi nek rahasia kdu khusus.”

semoga manfaat dan penuh hikmah.
sungkem ta’dhim kagem Syekh Nafi Abdillah Salam Kajen. al-Fatihah….
semoga amal ibadah panjenengan dilipatgandakan Allah SWT, dan ditempatkan di surga. Amin.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *